Senin, 25 Mei 2020

BAKDO IKI PANCEN SEJE


Pasane wus paripurna, riyaya katon menjela
Ananging kahanan isih tetep padha
Ora ana swara terompet kang saut-sautan
Ora ana urupe oncor kang madhangi laladan

Bakdo iki pancen seje 
Masjid sepi tan ana piyayi kang nyaba
Ora ana takbir kang ngumandhang nganggo adhah kandha
Apa maneh tetabuhan maneka warna

Bakdo iki pancen seje 
Kabeh padha sholat idul fitri dhewe-dhewe
Ana ing ndalem karo keluargane
Ora kena kumpul rame-rame

Bakdo iki pancen seje
Ora ana kang bisa ujung
Sowan marang bapa lan biyung
Saperlu nyuwun pangapura kang agung

Bakdo iki pancen seje
Ora katon guyune bocah cilik kang sumringah
Bungah atine amarga nampa pitrah
Saka para sedulur lan para simbah

Bakdo iki pancen seje
Kabeh mau amarga kahanan wigati
Anane pegeblug covid-19 kang nggegirisi
Kabeh warga pancen kudu ngati-ati

Bakdo iki pancen seje
Ayo padha nyenyuwun mring Kang Kuasa
Muga-muga wabah iki enggal sirna
Supaya kahanan becik enggal bisa tumata

Sukoharjo, 25 Mei 2020

1 komentar:

  1. Bagaimana cerita hari raya idul fitri 1441 H di tempat anda???

    BalasHapus

Berikan komentar/ kritik/ saran dengan kata-kata yang sopan.

APA ITU DIALOG?

BELAJAR MENULIS DIALOG YANG BAIK DAN BENAR Dialog atau petikan adalah kalimat yang mewakili ucapan langsung dari seorang tokoh atau tiruan b...